Langsung ke konten utama

PRANATACARA

MATERI PRANATACARA
KELAS X SEMESTER GENAP


 

Ing pasrawungan padinan akeh ditemoni adicara kang asipat resmi utawa formal. Adicara kasebut mbutuhake sawijining paraga kang ngaturake rantamaning adicara. Paraga kang ngaturake jejibahan utawa rantamaning acara iku uga sinebut pambiwara, pranatacara, panatacara, pranata adicara. Ing basa Indonesia biyasa sinebut MC utawa Master of Ceremony.

Dadi panatacara iku ana kaidah – kaidahe. Kabeh mau gumantung karo jejibahan utawa adicara kang diayahi. Panatacara iku kudu nggatekake solah bawa lan micarane.

Panatacara inggih punika paraga ingkang tinanggenah nata cara utawi acara, kang duw jejibahan nglantarakake titilaksana sawijining upacara pangantin, kesripahan, resmi/ formal/ pepanggihan, pajamuan, pangaosan, lsp. Menggah bakuning ayahipun inggih punika nglantarakaken lampah cak – cakaning acara utawi adicara wonten ing pepanggihan, pasamuwan, utawi upacara ingkang sampun rinantam.

Dados, lugunipun inggih namung dhapur atur palapurna (ing basa walandi protocol) menggahing cak – cakanipun utawi lampahing adicara.

 

1.      Unsur – unsur Panatacara

a.       Sarat Panatacara :

Supaya anggone ngayahi jejibahan dadi panatacara bisa becik, kudu gelem gladhen lan sarat laku pitung prakara. Dening Rama Sudi Yatmana (1989 :1) dijlentrehake kanthi aran Saptama Pangolahing Raga, antawisipun :

1) Magatra : yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep, pantes, lan jangkep. Solah bawa kang luwes lan ora digawe – gawe.

2) Malaksana : mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora ingah – ingah, lan ora wigih sarta ora ngisin -ngisin.

3)   Mawastha : ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong.

4) Maraga : ora grogi, ora wedi, ora gemeter, anteb, lan anteng obahe awak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya ora katon  ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha apa kang diucapake

5)  Malaghawa : trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, sembada ing karya. ora ngleler nanging uga ora katon grusa – grusu.

6)  Matanggap      : tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani rengenge swasana. Mula panatacara uga bisa gawe gumrengsenge swasana prasasat bisa aweh tatamba tumrap wong kang nandhang susah/ sungkawa. 

7) Mawwat : anteb, manteb ngentasi purwa, nadiya lan wusananing karya. Dadi panatacara kudu bisa ngendhalani acara wiwit kawitan lan pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja ngana-ana acara kang kececer keliwatan uwal saka rantaman.

 

b.      Bakenipun kangge dados pranatacara :

1)   Parama Basa    : basa (tata krama, unggah-  ungguh) manut kalenggahanipun

2)   Wara Carita     : wasis ngandharaken kawontenanipun, boten gonyak – ganyuk

3)   Samanta Guna   : mumpuni (pinter ing sakehing kawruh)

4)   Nawung Kridha : pratitis (cetha) tumindakipun

5)   Pana Sasmita     : kedah gathekan (gampang mangertine)

 

 

2.      Struktur lan Kaidah Teks Pranatacara

Panatacara kang uga disebut pambiwara, pranata acara, utawa MC yaiku salah sawijine pawongan kang pagaweane nglantarake adicara utawa titilaksananing upacara kayata upacara temanten, upacara kesripahan, pasamuwan resmi, pengajian, lan pentas seni. Panatacara saka tembung garba yaiku panata + acara. Panatacara bisa sinebut pawongan kang duwe jejibahan nata lan nglantarake acara. Tuladhane panatacara ing acara temanten adat Jawa, panatacara duwe jejibahan nglantarake lakuning acara saka ijab, pawiwahan, pethuke temanten, lan pahargyan temanten. Bakune, panatacara iku ngaturake apa wae cak – cakane utawa lampahane adicara.

Nalika kapiji dadi padi panatacara, paraga iku kudu nggatekake wektu lan papan panggonan adaicara mau. Anggone ngadi busana uga kudu trep karo adicara kang digawekake. Panatacara uga kudu nduweni kawruh babagan tata basa, amarga nalika nglantarakake adicara ora arang migunakake basa kang endah utawa basa rinengga. Swara nalika ngayahi dadi panatacara kudu sora lan cetha.

 

Perangane teks panatacara iku ana patang perangan yaiku :

a.       Uluk salam

Uluk salam yaiku perangan saka panatacara kang isine ngaturake salam marang para kang wis rawuh ing adicara kasebut.

Tuladha :

-       Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh,

-       Gegayutan karo waktu, kayata sugeng enjang, sugeng siyang, utawa sugeng dalu.

b.      Pambuka

Ing perangan pambuka ana rong perangan kang kudu kamot, yaiku kaya ing ngingsor iki :

1.      Pangurmatan : pambuka iku perangane panatacara kang isine babagan atur pangurmatan marang sapa wae kang wis rawuh ing adicara.

Tuladha :

Para pepundhen, pinisepuh, sesepuh, lan adisepuh ingkang satuhu pantes kinabekten. Para manggalaning praja satriyaning nagari ingkang sinudarsana. Para lenggah kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.

2.      Puji syukur : pocapan puji syukur iki perangan kang ngajak para rawuh ngaturake puji syukur dhumateng Gusti Allah amargi wis diparingi kasarasan saengga bisa ngrawuhi adicara kasebut.

Tuladha :

Sumangga kita ngonjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti kang Mahaasih ingkang sampun paring kasarasan saha kawilujengan, saengga kula tuwin panjenengan sami saged kempal manunggal saperlu ngestreni adicara ing dalu punika.

c.       Isi : Isi utawa wosing panatacara ngrembug babagan rantamaning adicara saka pambukaning adicara nganti panutupe adicara.

Tuladha :

Kula minangka pambiwara ing dalu punika badhe ngaturaken rantamaning adicara wiwit pambuka ngantos adicara pungkasan :

1.      Ingkang sepisan inggih punika adicara pambuka.

2.      Kaping kalih inggih punika adicara dedonga dening panjenenganipun Bapak H. Rohmat Hidayat.

3.      Adicara kaping tiga inggih punika atur pambagyaharja saking panjenenganipun Bapak Susila minangka Kepala Desa Banyutiba.

4.      Adicara kaping sekawan inggih punika atur panglipur dening campursari Laras Nada ingkang dipunpandhegani Bapak Darmawan.

5.      Adicara pungkasan inggih punika adicara panutup.

Sakwise iku, banjur diwiwiti acara – acara kang wis karantam kanthi dipandhegani dening panatacara. Dene para paraga kang wis katunjuk kudu samekta ing gati.

Tuladha :

Adicara ing siyang menika badhe kawiwitan. Sumanga sami ngenut lampahing pahargyan adicara ing siyang menika kanthi sekeca saha merdika.

d.      Panutup : panutup iki perangan panatacara kang isine pocapan matur nuwun tumrap para rawuh lan nyuwun pangampunten menawa ana solah bawa kang kurang trapsila lan tetembungan kang kurang mranani saka panatacara.

Tuladha :

Mekaten ingkang saged kula aturaken, jeneng sela wader kali sesondera, apuranta bilih kathah kalepatan.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

  

3.      Kagunan Basa : Panyandra dan Pepindhan

a.       Panyandra

-       Yaiku unen – unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan sarta ngemu teges mirip utawa memper. Tetandhingan iku lumereng marang kaendahan. Kang dicandra bab becike lan mengku karep ngalem kaendahane, kayata kahananing manungsa, kahanane sata kewan, kahanane tetuwuhan, kahanane alam, lsp.

-       Tuladha :

1.      Candraning manungsa (Perangane awak)

-       Alise nanggal sepisan

-       Bangkekane nawon kemit

-       Rambute ngandhan – andhan

-       Drijine mucuk eri

-       Idepe tumengeng tawang

 

2.      Candraning mangsa (Kahanan alam)

-       Satya murca ing embanan : candrane mangsa kasa. Tegese : wiwit wit – witan padha brindhil

-       Bantala rengka : candhrane mangsa karo. Tegese : lemah – lemah padha nela.

 

b.      Pepindhan

-       Yaiku tetembungan utawa unen – unen kang ngemu teges irib – iriban utawa emper – emperan, ameh padha. Pindha nunggal karep karo kaya, kadya, lir, kadi, pendah.

-       Dene gunane pepindhan kanggo ngandharake kawujudan, kahanan, pakarti, lan sapanunggalane kang sipate mbangetake katimbang karo kawujudan, kahanan, pakarti kang saknyatane.

-       Tuladha :

1.      Bungahe kaya ketiban ndaru

2.      Cep klakep kaya orong – orong kepidak

3.      Lakune kaya macan luwe

4.      Kuning pindha emas sinangling

5.      Tandange cukat kadya kilat, kesit kadya thathit. 

  

4.      Tehnik Maca Panatacara

Sajroning macakake acara, panatacara mbutuhake kaprigelan karya. Dadi panatacara kudu bisa rumangsa seneng lan panatacarane gampang dingerteni. Kaprigelan kasebut kaya andharan iki.

a.       Nggunakake pangucap kang trep

b.      Pamedhote ukara kang trep

c.       Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep

d.      Ngerteni tandha wacan kanthi trep

e.       Swara kang cetha

f.        Ngatur alon lan cepete pamaca

g.      Ngolah treping mlebu weruning napas

h.      Mahami wacan

i.        Pracaya marang dhiri pribadi



MONGGO SAGED NINGALI VIDEO PEMBELAJARANE!


VIDEO PEMBELAJARAN (kapundhut saking youtube MVP Media Video Pembelajaran)












 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

TEKS DESKRIPSI "MAKANAN TRADISIONAL JAWA"

TEKS DESKRIPSI "PANGANAN TRADISIONAL JAWA" PEPANGGIHAN 1 A. Pengertian Teks Deskripsi Teks deskripsi yakuwe sawijining teks utawa tulisan sing nggambaraken sawijining objek. Objek sing kemaksud bisa wujud benda, panggonan, makhluk hidup, lan liya-liyane. Neng teks kiye anggone nggambaraken objek sing kemaksud kanthi rinci supaya wong sing maca tulisan mau kaya-kaya ndeleng dhewek objek sing digambaraken senajan dheweke ora weruh secara langsung. B. Jenising Teks Deskripsi 1. Teks deskripsi barang utawa benda Teks deskripsi kiye nggambaraken sawijininng barang marang pembaca kanthi cetha lan rinci, supaya pembaca utawa pamireng saged weruh gambaran barang kasebat. Tuladha : "Mendoan kuwe panganan asli sekang Kabupaten Banyumas. Mendoan kuwe panganan sing bahan dasare sekang tempe lan digoreng setengah mateng. Umume mendoan digawe sekang tempe, tepung terigu, muncang, lan uyah, namung ing jaman saiki wis akeh variasi bahan kanggo mendoan kuwi, diantarane yakuwe lombok, kej

MATERI KELAS X TEKS CRITA WAYANG BIMA BUNGKUS

 CRITA WAYANG PIWULANG 1     Wayang  iku minangka budaya luhur tumrap bangsa Jawa, anane wiwit taun 939 M nalika Sri Jayabaya jumeneng Nata ing Kedhiri, kang yasa wayang Purwa saka Ron Tal/Siwalan, banjur katutugake Raden Panji ing Jenggala.     Wayang asale saka tembung Ma-Hyan tegese tumuju marang Gusti kang Maha Tunggal, Wayang uga tegese bayangan /wewayangan. Wayang iki sejatine mujudake gegambaran watak wantu, sarta solah bawane wong urip ing alam donya. Cerita wayang iku satemene mung ana rong epos yaiku Mahabarata lan Ramayana.  Jenis – jenis wayang 1. Wayang Wong 2. Wayang Beber 3. Wayang Klithik utawa Wayang Krucil 4. Wayang Wasana 5. Wayang Madya 6. Wayang gedhog 7. Wayang golek utawa Thengul 8. Wayang sadat 9. Wayang suluh 10.Wayang potehi 11. Wayang kulit   CARA NGANALISIS CRITA WAYANG 1. Diwaos crita wayange kanthi pratitis, 2. Analisis unsur instrinsike    Unsur intrinsik ya iku unsur-unsur kang mangun carita saka jero crita.     Unsur-unsur intrinsik ing antarane :    1.