Langsung ke konten utama

TEKS DESKRIPSI "MAKANAN TRADISIONAL JAWA"

TEKS DESKRIPSI "PANGANAN TRADISIONAL JAWA"

PEPANGGIHAN 1
A. Pengertian Teks Deskripsi
Teks deskripsi yakuwe sawijining teks utawa tulisan sing nggambaraken sawijining objek. Objek sing kemaksud bisa wujud benda, panggonan, makhluk hidup, lan liya-liyane. Neng teks kiye anggone nggambaraken objek sing kemaksud kanthi rinci supaya wong sing maca tulisan mau kaya-kaya ndeleng dhewek objek sing digambaraken senajan dheweke ora weruh secara langsung.

B. Jenising Teks Deskripsi
1. Teks deskripsi barang utawa benda
Teks deskripsi kiye nggambaraken sawijininng barang marang pembaca kanthi cetha lan rinci, supaya pembaca utawa pamireng saged weruh gambaran barang kasebat.
Tuladha :
"Mendoan kuwe panganan asli sekang Kabupaten Banyumas. Mendoan kuwe panganan sing bahan dasare sekang tempe lan digoreng setengah mateng. Umume mendoan digawe sekang tempe, tepung terigu, muncang, lan uyah, namung ing jaman saiki wis akeh variasi bahan kanggo mendoan kuwi, diantarane yakuwe lombok, keju, kecap, lan saos. Mendoan biasane ndhuweni wujud segi empat, tipis, lan teksture empuk. Ing masyarakat Banyumas, mendoan seringe disajikna pas esuk-esuk uga dibatiri kaliyan sambel, kopi, teh, utawa kanggo lawuh sarapan. Saiki mendoan wis terkenal nang seluruh Indonesia lan produksine wis nyebar nang Provinsi Jawa Tengah."
2. Teks deskripsi kahanan
Teks deskripsi kiye nggambaraken sawijininng kahanan utawa swasana suatu panggonan utawa barang. Tujuane kanggo ndamel pembaca utawa pamireng ndhuwe gambaran kahanan sing dimaksudna penulis teks.
Tuladha :
"Nek wayah esuk, akeh ibu-ibu sing pada antri nang warunge bu Robingah arep pada tuku mendoan, niwo, tahu brontak, lan gorengan liyane. Kawit bar sholat subuh, ibu-ibu kuwe wis pada mulai teka lan suwe-suwe bisa nganthi wong limolas sing ngantri. Senanjan antrine suwe, kabehan tetep pada sabar lan nyambi dopokan kanggo ngisi swasana. Biasane para pelannggane bu Robingah mulai sepi pas jam pituan. Bar kuwe dheweke gari ngurusi kebutuhan keluarga lan ngurusi umahe lan anak-anake."
3. Teks deskripsi proses
Teks deskripsi proses yakuwe nggambaraken proses utawa urut-uratane nggawe sawijining produk, misale resep masakan, cara nganggo barang, dsb.
Tuladha :
"....cara gawe sriping gedhang kuwe gampang. Pertama-tama gedhang diceti nagnti bersih. Bar kue dikumbah neng banyu bersih supaya ilang getaeh. Gedhang diiris dhawa-dhawa tipis menaawa langsung diceti nang ndhuwur wajan sing wis ana minyak panase. Goreng nganti warnane berubah dadi kecokelat-cokelatan. Terakhir entas sriping sing wis mateng karo sorok lan didelah ing toples. Sriping gedhang siap disajikna."
4. Teks deskripsi sipat
Teks deskripsi sipat yakuwe teks kang nggambarake babagan tentang sifat sawijining barang utawa wong.
Tuladha :
"Kabeh gorengan garing utawa kemriyik kayata kripik, sriping, krupuk, peyek, lan sapanunggalane kuwe ndhuweni sipat sing ora tahan lama. Maksude daya simpene ora suwe, gamapang mlempem, apek, lan liya-liyane. Senajan wis dilebokna plastik utawa toples sing kenceng tetep bae bisa mlempem lan mambu tengik."
C. Ciri-Cirine Paragraf Deskripsi
Nerangaken objek kanthi langsung miturut panemune sing diweruhi.
Adhedhasar kang observasi utawa pengamatan.
Ndhuweni gagasan marang sing maca kanthi cara ngelih objek sing diweruhi pengarang.
Ndhuweni sipat imajinasi (imajinasi namung dasare fakta) utawa penggambaran.
Ndhuweni tujuan nyiptakaken imajinasi sing maca, saengga sing maca kerasa kaya weruh dhewek bab sing dideskripsikna kuwe mau.

D. Urut-Urutane Nggawe Paragraf Deskripsi
  • Nemtokake tema sing arep dibahas.
  • Tujuan penulisan sing arep disampekna marang pembaca.
  • Ngumpulake materi.
  • Barange utawa materine dipriksa, dimirengaken, lan dirasaken.
  • Nggawe kerangka deskripsi kang adhedhasar materi kasebat.
  • Nulis karangan kanthi lengkang lan ora nana sing kececer.
PEPANGGIHAN 2
Garapen tugas ing ngisor iki!


Komentar

  1. Asma. : Aditya Wahyu Susanto.
    Kls. : X Mipa 7.
    Asen. : 01.

    BalasHapus
  2. Asma. : calista idelia riadi.
    Kls. : X Mipa 2
    Absen. : 11

    BalasHapus
  3. Asma :Marsya sella saputri
    Kls : x ipa 7
    Absen : 21

    BalasHapus
  4. Asma : Muhammad Taufiq Gunawan
    Kls. : X MIPA 7
    Abn. : 26

    BalasHapus
  5. Asma : Arva Akhila F
    Kls : X IPA 2
    Absen : 08

    BalasHapus
  6. Asma : Bernike indi antika
    Kls : X IPA 7
    Absen : 07

    BalasHapus
  7. Asma: Azza Tegar Setiawan
    Kls: X IPA 2
    Absen: 10

    BalasHapus
  8. asma: nia kurniawati
    kls: X IPS 2
    Absen: 26

    BalasHapus
  9. Asma : Karisma Nur Hanifah
    kelas : X MIPA 7
    Absen : 16

    BalasHapus
  10. Asma:Reva Nurjanah
    Kelas:x mipa 2
    No:31

    BalasHapus
  11. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  12. Nama: muhammad wilson aprilian
    Kelas : X E
    NO:24

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI KELAS X TEKS CRITA WAYANG BIMA BUNGKUS

 CRITA WAYANG PIWULANG 1     Wayang  iku minangka budaya luhur tumrap bangsa Jawa, anane wiwit taun 939 M nalika Sri Jayabaya jumeneng Nata ing Kedhiri, kang yasa wayang Purwa saka Ron Tal/Siwalan, banjur katutugake Raden Panji ing Jenggala.     Wayang asale saka tembung Ma-Hyan tegese tumuju marang Gusti kang Maha Tunggal, Wayang uga tegese bayangan /wewayangan. Wayang iki sejatine mujudake gegambaran watak wantu, sarta solah bawane wong urip ing alam donya. Cerita wayang iku satemene mung ana rong epos yaiku Mahabarata lan Ramayana.  Jenis – jenis wayang 1. Wayang Wong 2. Wayang Beber 3. Wayang Klithik utawa Wayang Krucil 4. Wayang Wasana 5. Wayang Madya 6. Wayang gedhog 7. Wayang golek utawa Thengul 8. Wayang sadat 9. Wayang suluh 10.Wayang potehi 11. Wayang kulit   CARA NGANALISIS CRITA WAYANG 1. Diwaos crita wayange kanthi pratitis, 2. Analisis unsur instrinsike    Unsur intrinsik ya iku unsur-unsur kang mangun carita saka jero crita.     Unsur-unsur intrinsik ing antarane :    1.

PRANATACARA

MATERI PRANATACARA KELAS X SEMESTER GENAP   Ing pasrawungan padinan akeh ditemoni adicara kang asipat resmi utawa formal. Adicara kasebut mbutuhake sawijining paraga kang ngaturake rantamaning adicara. Paraga kang ngaturake jejibahan utawa rantamaning acara iku uga sinebut pambiwara, pranatacara, panatacara, pranata adicara. Ing basa Indonesia biyasa sinebut MC utawa Master of Ceremony. Dadi panatacara iku ana kaidah – kaidahe. Kabeh mau gumantung karo jejibahan utawa adicara kang diayahi. Panatacara iku kudu nggatekake solah bawa lan micarane. Panatacara inggih punika paraga ingkang tinanggenah nata cara utawi acara, kang duw jejibahan nglantarakake titilaksana sawijining upacara pangantin, kesripahan, resmi/ formal/ pepanggihan, pajamuan, pangaosan, lsp. Menggah bakuning ayahipun inggih punika nglantarakaken lampah cak – cakaning acara utawi adicara wonten ing pepanggihan, pasamuwan, utawi upacara ingkang sampun rinantam. Dados, lugunipun inggih namung dhapur atur palapurna