Langsung ke konten utama

PARIWARA (IKLAN)

 PARIWARA (IKLAN)

1.        Definisi Pariwara (Bahasa Jawa)

Pangertosan Pariwara / Iklan yaiku wujud sesambungan kang nduweni maksud kanggo menehi greget tetuku, nawakake sawijining barang utawa tenaga, kanggo merbawani panemune wong akeh, narik payengkuyuning wong akeh amrih pikir lan tumindake laras karo kekarepe sing masang pariwara.

Pariwara bisa kapacak ana kalawarti lan ariwarti, kagiyarake lumantar radhio, utawa katayangake ana TV. Pariwara kang kapacak ana kalawarti lan ariwarti, umume nggunakake design kang dumadi daka tetembungan lan gambar. Pariwara kang kagiyarake lumantar radhio biasane nggunakake master kang dumadi saka swara lagu

Babagan kang perlu digatekake ana ing sajroning iklan ana 2, yaiku surasa lan basa kang kagunakake. Andharan saka kalorone bisa kasemak ana ing andharan ing ngisor iki:

a.      Surasa/isi pariwara

  Isining pariwara kudu ngandhut pirang-pirang syarat ana ing ngisor iki antarane, yaiku :

-               Kudu objektif lan jujur

Sanajan gunane kanggo narik kawigaten para warga supaya nuku lan nggunakake produk sing diwarakake, ananging anggone ngandharake kudu kanthi srana sing cetha, ora perlu diluwih-luwihake lan ora perlu diandharake babagan sing sejatine ora ana.

-               Cekak lan cetha

Iklan iku lumrahe wujude cekak nanging cetha. Cekak amarga durasi iklan kuwi gumantung bayarane. Iklan sing sansaya suwe wektu utawa durasine, bayarane sansaya larang. Mula para produsen kudu pinter-pintere anggone ngatur wektu sajroning iklan.

-               Ndudut ati (narik kawigaten)

Iklan anggone nyusun kudu direkadaya supaya bisa ndudut atine para warga marang produk sing diiklanake. Dadi anggone ngandharake kudu nganggo strategi lan desain sing paling apik.

-               Ora nyinggung wong liya

Sanajan iklan kuwi minangka sarana kanggo masarake barange, nanging saingan antarane produsen siji lan sijine kudu saingan kanthi cara sing blaka lan ora kena sikut-sikutan, ece-ecenan, lan ngenyek produsen liya sing ngedol barang sing padha karo sing arep didol.

b.      Basa kang kagunakake sajroning iklan

Basa pariwara iku cekak aos, cetha, lan kewaca, supaya gampang disurasa. Pariwara kalebu salah sijine kabar utawa wara-wara kanggo warga masyarakat utawa bebrayan agung kanthi tujuan wong kang ngrungokake utawa maca dadi kepencut marang produk kang ditawarake.

Pariwara kang efektif kudu gampang dimangereni dening kang maca. Ing ngisor iki kasebutake tandha pariwara kang efektif:

 

o   Lugas basane,

o   Gampang dimagerten lan ditampa (komunikatif)

o   Nyenengake/narik kawigaten.

o   Isine nyata ora ngapusi

o   Sipate ngajak-ajak utawa nggunakake basa persuasif.

 

2.        Fungsi Iklan

a.      Fungsi Pemasaran

Kagunan iki magepokan karo kagunan pariwara kanggo ngedol utawa menehi informasi babagan barang, jasa utawa gagasan marang warga masarakat lumantar media kanggo

 

-       Njelasake bedane produk sing dipasarake karo produk liyane.

-       Nyaranake produk sing anyar sing diiklanake kanthi bertahap

-       Nyengkuyung anggone nyebarake kanggo ningkatake produk sing diiklanake

-       Mbangun rasa tresna lan cedhak antarane produk sing diiklanake lan calon konsumen.

 

b.      Fungsi Komunikasi

 

Kagunan komunikasi ana sajroning iklan, yaiku kanggo menehi penerangan lan informasi babagan sawijining barang sing wartakake, menehi pesen sing isine pendidikan, nyiptakake pesen sing sipate nglipur lan narik kawigatene para warga masyarakat supaya cedhak lan tansah nuku uga nggunakake barang sing diiklanake.

 

c.       Fungsi Pendidikan

 

Kagunan pendidikan ana sajroning iklan kanggo menehi informasi marang warga masyarakat lumantar iklan, masyarakat bisa sinau kanthi nonton lan maca sawijining iklan. Lumrahe iklan sing ngrembug lan ngandharake babagan program saka pamarintah.

 

d.      Fungsi Ekonomi

 

Kagunan ekonomi ana sajronng iklan, yaiku kagunan kang tundhane lan jluntrungane marang keuntungan ekonomis. Keuntungan ekonomis dientukake dening warga masyarakat lumantar iklan, yaiku malih dadi gampang mangerteni produk sing dibutuhake sing bisa ndadekake warga masyarakat luwih gampang lan ngirit biaya.

 

e.       Fungsi Sosial

 

Kagunan sosial ana sajroning iklan, yaiku kagunan kang duweni ancas milut lan narik prilaku warga masyarakat. Kagunan sosial iki lumrahe nggiring warga masyarakat marang tumindak sing luwih apik, tuladhane iklan saka BKKBN kang nggiring masyarakat supaya ngrancang cacahe anak kang dijumbuhke karo ekonomin kulawarga.

3.        Cengkorongan / Perangan Iklan

a.    Headline, yaiku minangka purwakaning pariwara kang gunane kanggo menehi informasi babagan apa sing bakal didudohake, didol, diwarakake marang konsumen utawa pamaca pariwara.

 

b.    Ilustrasi

Ilustrasi minangka gambar ana ing pariwara kang gunane kanggo menehi gambaran ngenani isine pariwara. Lumrahe ilustrasi iki bisa awujud gambar, tulisan panerang, utawa video kang bisa narik kawigatene panyemak lan pamaca pariwara.

 

c.     Body copy

Body copy iki kalebu perangane pariwara sing paling baku, utawa inti ana sajroning pariwara sing ngemot babagan informasi utawa pesen sing ana sajroning pariwara.

 

d.    Signature line

Signature line utawa asring kasebut logo. Ana ing signature line diterangake babagan rega, slogan, utawa merek ana sajroning pariwara.

 

e.     Standing details

Standing detail minangka panutuping iklan dumunung ana ing pungkasaning pariwara. Ana ing perangan iki ngemot informasi tambahan sing ana gayutane karo barang sing diwartakake, kaya papan dununge perusahaan, pusat informasi, penanggung jawab, surat ijin saka departemen, lan nomor telpon kang bisa dihubungi menawa ana pitakonan babagan barang sing diiklanake.

4.        Jenise Iklan

Miturut isine pariwara bisa kaperang dadi papat, yaiku pariwara komersial, pariwara kulawarga/uleman, pariwara panjaluk, lan pariwara layanan masyarakat. Andharane kaya mangkene

a.       Pariwara komersial

Pariwara komersial iki isine nawakake barang (produk)/jasa (leladen) marang wong akeh. Pariwara iki lumrahe digawe dening perusahaan kang magepokan karo perusahaan sing gawe produk tartamtu, kayata produk panganan, klambi, otomotif, lan liya-liyane. Pariwara iki uga kawetokake marang perusahaan lan kantor-kantor kang ngedol jasa, kayata jasa perjalanan wisata, jasa keuangan, jasa konsultan, lan liya-liyan.

 

Tuladhane: pariwara sepatu, pariwara sabun, pariwara salah sawijining bank, traveloka, lan liya-liyane.

 

b.      Pariwara kulawarga

 

Pariwara kulawarga iki sifate winates ana ing ranah kulawarga. Wujude pariwara kulawarga iki bisa awujud ulem kang isine ajak-ajak supaya teka ana ing acara pahargyan utawa acara lelayu.

 

Tuladhane: undangan adicara winisudha, ulem palakrama, undhangan ambal warsa, lelayu, lan sapiturute.

c.       Pariwara panjaluk

 

Pariwara panjaluk iki diwetokake dening salah sawijining perusahaan utawa instansi kang isine biyawarakake babagan panjalukan bisa sumbangan, tenaga kerja, lan babagan tartamtu.

 

Tuladhane: sumbangan bencana alam, lowongan pekerjaan, lan liya-liyane.

 

d.      Pariwara layanan masyarakat

 

Pariwara iki kagunakake kanggo ngewangi biyawarakake sawijining program pamarintah. Pariwara iki duweni ancas kanggo ngelingkae lan menehi katrangan marang wong akeh babagan program kang wis dicanangake dening pamarintah.

 

Tuladhane: pariwara BKKN babagan program KB, pariwara saka Badan Anti Narkoba (BAN) babagan kagiyatan utawa program antinarkoba, lan liya-liyane.


MONGGO NINGALI VIDEO PEMBELAJARAN KASEBUT!

VIDEO MATERI IKLAN (KAPUNDHUT SAKING YOUTUBE "BAHASA JAWA NYENENGAKE_PAK HANAFI")








Komentar

Postingan populer dari blog ini

TEKS DESKRIPSI "MAKANAN TRADISIONAL JAWA"

TEKS DESKRIPSI "PANGANAN TRADISIONAL JAWA" PEPANGGIHAN 1 A. Pengertian Teks Deskripsi Teks deskripsi yakuwe sawijining teks utawa tulisan sing nggambaraken sawijining objek. Objek sing kemaksud bisa wujud benda, panggonan, makhluk hidup, lan liya-liyane. Neng teks kiye anggone nggambaraken objek sing kemaksud kanthi rinci supaya wong sing maca tulisan mau kaya-kaya ndeleng dhewek objek sing digambaraken senajan dheweke ora weruh secara langsung. B. Jenising Teks Deskripsi 1. Teks deskripsi barang utawa benda Teks deskripsi kiye nggambaraken sawijininng barang marang pembaca kanthi cetha lan rinci, supaya pembaca utawa pamireng saged weruh gambaran barang kasebat. Tuladha : "Mendoan kuwe panganan asli sekang Kabupaten Banyumas. Mendoan kuwe panganan sing bahan dasare sekang tempe lan digoreng setengah mateng. Umume mendoan digawe sekang tempe, tepung terigu, muncang, lan uyah, namung ing jaman saiki wis akeh variasi bahan kanggo mendoan kuwi, diantarane yakuwe lombok, kej

MATERI KELAS X TEKS CRITA WAYANG BIMA BUNGKUS

 CRITA WAYANG PIWULANG 1     Wayang  iku minangka budaya luhur tumrap bangsa Jawa, anane wiwit taun 939 M nalika Sri Jayabaya jumeneng Nata ing Kedhiri, kang yasa wayang Purwa saka Ron Tal/Siwalan, banjur katutugake Raden Panji ing Jenggala.     Wayang asale saka tembung Ma-Hyan tegese tumuju marang Gusti kang Maha Tunggal, Wayang uga tegese bayangan /wewayangan. Wayang iki sejatine mujudake gegambaran watak wantu, sarta solah bawane wong urip ing alam donya. Cerita wayang iku satemene mung ana rong epos yaiku Mahabarata lan Ramayana.  Jenis – jenis wayang 1. Wayang Wong 2. Wayang Beber 3. Wayang Klithik utawa Wayang Krucil 4. Wayang Wasana 5. Wayang Madya 6. Wayang gedhog 7. Wayang golek utawa Thengul 8. Wayang sadat 9. Wayang suluh 10.Wayang potehi 11. Wayang kulit   CARA NGANALISIS CRITA WAYANG 1. Diwaos crita wayange kanthi pratitis, 2. Analisis unsur instrinsike    Unsur intrinsik ya iku unsur-unsur kang mangun carita saka jero crita.     Unsur-unsur intrinsik ing antarane :    1.

PRANATACARA

MATERI PRANATACARA KELAS X SEMESTER GENAP   Ing pasrawungan padinan akeh ditemoni adicara kang asipat resmi utawa formal. Adicara kasebut mbutuhake sawijining paraga kang ngaturake rantamaning adicara. Paraga kang ngaturake jejibahan utawa rantamaning acara iku uga sinebut pambiwara, pranatacara, panatacara, pranata adicara. Ing basa Indonesia biyasa sinebut MC utawa Master of Ceremony. Dadi panatacara iku ana kaidah – kaidahe. Kabeh mau gumantung karo jejibahan utawa adicara kang diayahi. Panatacara iku kudu nggatekake solah bawa lan micarane. Panatacara inggih punika paraga ingkang tinanggenah nata cara utawi acara, kang duw jejibahan nglantarakake titilaksana sawijining upacara pangantin, kesripahan, resmi/ formal/ pepanggihan, pajamuan, pangaosan, lsp. Menggah bakuning ayahipun inggih punika nglantarakaken lampah cak – cakaning acara utawi adicara wonten ing pepanggihan, pasamuwan, utawi upacara ingkang sampun rinantam. Dados, lugunipun inggih namung dhapur atur palapurna