CRITA WAYANG
PIWULANG 1
Wayang iku minangka budaya luhur tumrap bangsa Jawa, anane wiwit taun 939 M nalika Sri Jayabaya jumeneng Nata ing Kedhiri, kang yasa wayang Purwa saka Ron Tal/Siwalan, banjur katutugake Raden Panji ing Jenggala.
Wayang asale saka tembung Ma-Hyan tegese tumuju marang Gusti kang Maha
Tunggal, Wayang uga tegese bayangan /wewayangan. Wayang iki sejatine mujudake
gegambaran watak wantu, sarta solah bawane wong urip ing alam donya. Cerita wayang iku satemene mung ana rong epos yaiku Mahabarata lan Ramayana.
Jenis – jenis wayang
1. Wayang Wong
2. Wayang Beber
3. Wayang Klithik utawa Wayang Krucil
4. Wayang Wasana
5. Wayang Madya
6. Wayang gedhog
7. Wayang golek utawa Thengul
8. Wayang sadat
9. Wayang suluh
10.Wayang potehi
11. Wayang kulit
CARA NGANALISIS CRITA WAYANG
1. Diwaos crita wayange kanthi pratitis,
2. Analisis unsur instrinsike
Unsur intrinsik ya iku unsur-unsur kang mangun carita saka jero crita.
Unsur-unsur intrinsik ing antarane :
1. Uderan (Tema)
yaiku gagasan baku kang dadi dhasaring carita
2.. Paraga
yaiku purusa kang nglakokaké carita
3. Penokohan
yaiku gegambaran wataking paraga
4. Lakune Crita (Alur/plot)
yaiku rerangkening carita kang kadhapuk kanthi tinampa nalar (logis). Alur
magepokan karo konflik utawa prakara. manawa plot utawa alur cerita.
Alur kaperang dadi 3, yaiku:
- Alur maju (progresif) yaiku alur kang nyritakake utawa nggambarake
kahanan saiki kanthi sateruse
- Alur mundur (regresif) yaiku alur sing nggambarake kahanan saiki,
diterusake ngandharake kahanan sing kapungkur.
- Alur campuran
5. Latar/setting
yaiku papan panggonan, wektu, lan kahanan lelakoné prastawa ing sajeroning
carita
6. Punjering Crita (Sudut pandang)
Sudut pandang minangka cara kita mangerti sakabehing kadadeyan ing
sawijining cerita. Miturut jinise, sudut pandang diperang dadi 4 yaiku:
a. Manggon ing orang pertama utama, sang karakter utama ngandharake kanthi
tembung-tembunge dhewe.
b. Manggon ing orang pertama sampingan, cerita diandharake dening
sawijining karakter ananging dudu karakter utama (amung sampingan).
c. Manggon ing orang ketiga terbatas, pengarang ngandharake adhedhasar
sakabehing karakter kang ana lan lungguh dadi orang ketiga, ananging
amung ngandharake apa-apa kang tau ditonton, dirungu, lan dipikirake
dening sawijining karakter.
d Manggon ing orang ketiga tidak terbatas, pengarang ngandharake
adhedhasar marang sakabehing karakter lan lungguh dadi orang ketiga
7. Pitutur Luhur (Amanat/pesen)
yaiku pitutur luhur utawa pesen pangripta kang diaturake marang pamaos.
VIDEO PEMBELAJARAN
VIDEO BIMA BUNGKUS
TUGAS KELAS X "MENGANALISIS CRITA BIMA BUNGKUS"
PIWULANG 2
NGRINGKES WACAN mujudake kegiyatan ndadekake sawijining wacan luwih ringkes tanpa ngowahi makna lan isine wacan kasebut.
Ngringkes wacan bisa katindakake kanthi cara mangkene:
a) maca wacan kanthi premati;
b) nyathet bakuning crita (gagasan utama) sajroning wacan;
c) ngilangake paragraf kang isine tuladha deskripsi utawa kutipan;
d) ngowahi pacelathon langsung dadi ukara ora langsung;
e) nulis maneh nganggo basane dhewe tanpa ngowahi susunan makna lan isine wacan kasebut.
Nalika nulis ringkesan wacan kudu nggatekake koherensi, keruntutan, ejaan, diksi, lan tanda baca. Koherensi tegese antarane bagean siji lan liyane nduweni sesambungan kang ndadekake ukara nduwe makna utuh. Keruntutan tegese anggone nulis ringkesan kudu urut miturut urutan crita kang ana sajroning teks. Diksi utawa pilihane tembung ing ringkesan wacan kudu trep lan manut ragam basa kang dianggo. Ejaan kang digunakake miturut tata basa baku basa Jawa. Saliyane kuwi, nulis ringkesan kudu nggatekake tanda baca kayata panggunakane tandha titik (.), koma (,), tandha pitakon (?), tandha pakon (!) lan sapanunggale supaya ukara kang digawe jelas makna lan panulisane.
TUGAS SINOPSIS "BIMA BUNGKUS"
Komentar
Posting Komentar