Langsung ke konten utama

MATERI KELAS XI TEKS CRITA RAKYAT

 TEKS CRITA RAKYAT

PIWUCALAN 1

Kompetensi Dasar

IIndikator Pencapaian Kompetensi

3.2.  Memahami isi teks cerita rakyat

3.2.1.    Dapat menjelaskan unsur intrinsik yang terkandung dalam teks cerita rakyat

3.2.2.  Dapat menjelaskan pitutur luhur yang terkandung dalam teks cerita rakyat.

3.2.3.  Dapat mengaitkan  pitutur luhur yang terkandung dalam teks cerita rakyat dengan kondisi masyarakat saat ini.

A. Pengertian Crita Rakyat
   Crita rakyat inggih menika salah setunggaling karya sastra ingkang lair kaliyan 
   ngrembaka wonten salebetipun masyarakat tarisional kaliyan disebaraken 
   salebetipun wujud relief tetap, utawi salebetipun bentuk baken ingkang 
   sumebar ing antawis kolektif tertentu wonten ing salebetipun wekdal ingkang 
   langkung dangu. 
B. Fungsi Crita Rakyat
   Fungsi carita rakyat jawa kejaba kanggo lelipur uga bisa didadehaken tuladha 
   utamane carita-carita rakyat sing ngandung piwulangan-piwulangan moral. Akeh sing padha ora mangerteni menawa negari sing endah kiye nduweni
   akeh carita rakyat indonesia sing durung nate kita krunggu. Bisa dimaklumi 
   amarga carios rakyat sumebar sekang lesan marang lesan sing diwarisken 
   sakcara turun temurun.
 C.  Ciri-ciri Crita Rakyat
          - Anonim, mboten dipun mangertosi sinten sejatosipun ingkang nganggit
          - Kalebu karya kolektif, dipun anggep ngadhahi rakyat sareng-sareng.
          Nyariosaken bab awon lan leres kangge nggambaraken kadadosan-
            kadadosan ingkang mokal wontenipun (imajinasi)
          - Statis, tetep, mboten wonten ewah-ewah ingkang wigati saking jaman 
            dateng jaman salajengipun.
D.  Jenis Carita Rakyat
         Jenis-jenis carita rakyat kados ingkang sampun dipunandharaken ing materi 
         mirengaken teks carita rakyat teng ngajeng, ingkang saget dipun lebetaken 
         wonten kategori jenis-jenis carita rakyat punika wonten werni-werni,         
         antawisipun legenda, mite, sage, dongeng, lan fabel. Teng ngandhap punika 
         badhe dipunjlentrehaken sakedhik pangertosan saking kategori carios rakyat 
         ing inggil.
         Crita wujudipun wonten kalih inggih menika crita fiksi (dongeng) lan crita 
         non fiksi. Crita fiksi inggih menika crita kang ngayawara, direka-reka 
ka      wontenane, mila saged diwastani dongeng, yen dikerata basa ‘dipaido ya 
         keneng'
         1. Wujude crita fiksi/dongeng
            1) Fabel
               Fabel inggih menika dongeng kewan kang saged wawan gunem kados 
               manungsa. Tuladhane : Kancil karo Baya, Singa Barong karo Tikus, Kancil 
               Nyolong Timun, lan sapanunggalane.
           2) Mite
               Mite inggih menika dongeng kang wonten sesambungane kaliyan roh, 
               alam gaib.Tuladhane : Nyi Roro Kidul, Pethite Nyai Blorong, Thuyul, 
               Gendrowo Kulon Desa, lan sapanunggalane.
           3) Legenda
               Legenda inggih menika dongeng mula bukane dumadining panggonan 
               utawi barang. Tuladhane : Dumadine Rawa Pening, Tangkuban Prau
               lan sapanunggalane.
       2. Wujude crita non fiksi
          1) Hikayat
             Hikayat inggih menika crita bab lelakon paragane.
             Tuladhane : Hikayat Hang Tuah, Hikayat Gadjah Mada, Hikayat Bahtiar, lan 
             sapanunggalane.
         2) Babad
             Babad inggih menika crita kang wonten bukti nyatane, nanging ugi 
             ditambahi crita kang ngayawara.
             Tuladhane : Babad Tanah Jawi. Babad Mataram, Babad Kartasura, lan 
             sapanunggalane.
         3) Sejarah
             Sejarah inggih menika crita kang wonten bukti nyatane. 
                   Tuladhane : Sejarah Majapait, Sejarah Demak, Sejarah Kraton 
             Ngayogyakarta, lan sapanunggalane.
         4) Roman
             Roman inggih menika crita kang nggambarake uriping wong wiwit lahir              nganti mati. Jinising warna-warna kayata : Roman adat, Roman sosial, 
             Roman detektif, lan sapanunggalane.
             Tuladhane : Sri Kuning, Anteping Wanita, Anteping Tekad. Kapilut 
             Godhaning Setan, Tresna Abaya Pati.
    E.  Unsur Cerita Rakyat
        Unsur-unsur crita rakyat kaperang dadi loro, yaiku:
        1. Unsur ekstrinsik yaiku unsure kang mbangun crita rakyat saka sajabane 
          crita. Kang mangaribawani (mempengaruhi) dianggite crita rakyat 
          saka unsure ekstrinsik iku antarane:
          1) Agama
          2) Ekonomi
          3) Sosial
          4) Pendhidikan
          5) Budaya
       2. Unsur intrinsik yaiku unsure kang mbagun crita rakyaat saka njero crita. 
          Kang mangaribawani dianggite crita rakyat saka unsure intrinsike iku
          antarane:
          1) Uderan (Tema)
             Tema, yaiku idhe/gagasan baku kang dadi undherane prakara crita.
             Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, lan
             sapanunggalane.
          2) Paraga
             Paraga, yaiku pelaku kang mbangun crita utawa wong kang dicritakake. 
             Paraga ing crita nduweni watak dhewe-dhewe kanggo mbedakake siji lan 
             liyane. Paraga kaperang dadi 3, yaiku:
              a) Paraga utama sing uga dijenengi protagonis.
              b) Paraga mungsuh sing uga dijenengi antagonis.
              c) Paraga tambahan sing uga dijenengi tritagonis.
           3) Watak
               Watak, yaiku tandha-tandha fisik (dhuwur, lemu, pesek, cendhek, lan 
               sapiturute) lan tandha-tandha nonfisik kang diduweni paraga galak,
               sumeh, grapyak, pinter, bodho, lan sapiturute)
           4) Latar/Setting
               Latar utawa setting, yaiku papan, wektu, lan swasana kedadeyane crita. 
               Papan iki bias ana ing pasar, dalan, sawah, kantir, lan sapanunggalane. 
               Wondene wektu iku ana awan, sore, bengi, esuk.
            5) Punjering Crita (Sudut Pandang/Point of View)
                Sudut pandang, yaiku posisine pagript ing crita utawa carane pangripta 
                nyritakake isine crita. Pangripta bisa dadi tokoh ing crita kuwi, uga bias 
                dadi pengamat wae ing njaba crita.
             6) Basa
                 Basa, yaiku gegayutan karo gaya basa kang digunakake pangripta ing 
                 crita
              7) Lakune Crita (Alur)
                 Alur, yaiku urut-urutake kedadeyan ing crita. Bakune crita saka wiwitan 
                 nganti teka pungkasan (pitepungan, dredah, cara ngrampungake 
                 dredah). Alur kaperang dadi 3, yaiku:
                  - Alur maju (progresif) yaiku alur kang nyritakake utawa nggambarake 
                     kahanan saiki kanthi sateruse 
                           Alur mundur (regresif) yaiku alur sing nggambarake kahanan saiki, 
                     diterusake ngandharake kahanan sing kapungkur.
                  Alur campuran 
               8) Amanat   
                   Amanat, yaiku piweling utawa piwulang luhur kang kakaandhut ing 
                   sajroning crita, kang arep diwenehake pangripta marang pamaca.
 
                                                 VIDEO PEMBELAJARAN 

VIDEO "RAWA PENING"
 
TUGAS SISWA


PIWUCALAN 2

Kompetensi Dasar

Indikator Pencapaian Kompetensi

4.2. Menulis dan menyajikan       sinopsis teks cerita rakyat


4.2.1 Dapat menulis cerita rakyat asal              daerah sesuai dengan diksi, ejaan            dan struktur yang benar
4.2.2 Dapat memperagakan cerita rakyat          dengan intonasi, diksi dan ekspresi          yang benar

NGRINGKES WACAN mujudake kegiyatan ndadekake sawijining wacan luwih ringkes tanpa ngowahi makna lan isine wacan kasebut.
Ngringkes wacan bisa katindakake kanthi cara mangkene:
a) maca wacan kanthi premati;
b) nyathet bakuning crita (gagasan utama) sajroning wacan;
c) ngilangake paragraf kang isine tuladha deskripsi utawa kutipan;
d) ngowahi pacelathon langsung dadi ukara ora langsung;
e) nulis maneh nganggo basane dhewe tanpa ngowahi susunan makna lan isine wacan kasebut.
Nalika nulis ringkesan wacan kudu nggatekake koherensi, keruntutan, ejaan, diksi, lan tanda baca. Koherensi tegese antarane bagean siji lan liyane nduweni sesambungan kang ndadekake ukara nduwe makna utuh. Keruntutan tegese anggone nulis ringkesan kudu urut miturut urutan crita kang ana sajroning teks.  Diksi utawa pilihane tembung ing ringkesan wacan kudu trep lan manut ragam basa kang dianggo. Ejaan kang digunakake miturut tata basa baku basa Jawa. Saliyane kuwi, nulis ringkesan kudu nggatekake tanda baca kayata panggunakane tandha titik (.), koma (,), tandha pitakon (?), tandha pakon (!) lan sapanunggale supaya ukara kang digawe jelas makna lan panulisane.

TUGAS PIWUCALAN 2 "SINOPSIS TEKS CRITA RAKYAT"

Komentar

Postingan populer dari blog ini

TEKS DESKRIPSI "MAKANAN TRADISIONAL JAWA"

TEKS DESKRIPSI "PANGANAN TRADISIONAL JAWA" PEPANGGIHAN 1 A. Pengertian Teks Deskripsi Teks deskripsi yakuwe sawijining teks utawa tulisan sing nggambaraken sawijining objek. Objek sing kemaksud bisa wujud benda, panggonan, makhluk hidup, lan liya-liyane. Neng teks kiye anggone nggambaraken objek sing kemaksud kanthi rinci supaya wong sing maca tulisan mau kaya-kaya ndeleng dhewek objek sing digambaraken senajan dheweke ora weruh secara langsung. B. Jenising Teks Deskripsi 1. Teks deskripsi barang utawa benda Teks deskripsi kiye nggambaraken sawijininng barang marang pembaca kanthi cetha lan rinci, supaya pembaca utawa pamireng saged weruh gambaran barang kasebat. Tuladha : "Mendoan kuwe panganan asli sekang Kabupaten Banyumas. Mendoan kuwe panganan sing bahan dasare sekang tempe lan digoreng setengah mateng. Umume mendoan digawe sekang tempe, tepung terigu, muncang, lan uyah, namung ing jaman saiki wis akeh variasi bahan kanggo mendoan kuwi, diantarane yakuwe lombok, kej

MATERI KELAS X TEKS CRITA WAYANG BIMA BUNGKUS

 CRITA WAYANG PIWULANG 1     Wayang  iku minangka budaya luhur tumrap bangsa Jawa, anane wiwit taun 939 M nalika Sri Jayabaya jumeneng Nata ing Kedhiri, kang yasa wayang Purwa saka Ron Tal/Siwalan, banjur katutugake Raden Panji ing Jenggala.     Wayang asale saka tembung Ma-Hyan tegese tumuju marang Gusti kang Maha Tunggal, Wayang uga tegese bayangan /wewayangan. Wayang iki sejatine mujudake gegambaran watak wantu, sarta solah bawane wong urip ing alam donya. Cerita wayang iku satemene mung ana rong epos yaiku Mahabarata lan Ramayana.  Jenis – jenis wayang 1. Wayang Wong 2. Wayang Beber 3. Wayang Klithik utawa Wayang Krucil 4. Wayang Wasana 5. Wayang Madya 6. Wayang gedhog 7. Wayang golek utawa Thengul 8. Wayang sadat 9. Wayang suluh 10.Wayang potehi 11. Wayang kulit   CARA NGANALISIS CRITA WAYANG 1. Diwaos crita wayange kanthi pratitis, 2. Analisis unsur instrinsike    Unsur intrinsik ya iku unsur-unsur kang mangun carita saka jero crita.     Unsur-unsur intrinsik ing antarane :    1.

PRANATACARA

MATERI PRANATACARA KELAS X SEMESTER GENAP   Ing pasrawungan padinan akeh ditemoni adicara kang asipat resmi utawa formal. Adicara kasebut mbutuhake sawijining paraga kang ngaturake rantamaning adicara. Paraga kang ngaturake jejibahan utawa rantamaning acara iku uga sinebut pambiwara, pranatacara, panatacara, pranata adicara. Ing basa Indonesia biyasa sinebut MC utawa Master of Ceremony. Dadi panatacara iku ana kaidah – kaidahe. Kabeh mau gumantung karo jejibahan utawa adicara kang diayahi. Panatacara iku kudu nggatekake solah bawa lan micarane. Panatacara inggih punika paraga ingkang tinanggenah nata cara utawi acara, kang duw jejibahan nglantarakake titilaksana sawijining upacara pangantin, kesripahan, resmi/ formal/ pepanggihan, pajamuan, pangaosan, lsp. Menggah bakuning ayahipun inggih punika nglantarakaken lampah cak – cakaning acara utawi adicara wonten ing pepanggihan, pasamuwan, utawi upacara ingkang sampun rinantam. Dados, lugunipun inggih namung dhapur atur palapurna