Langsung ke konten utama

PIWUCALAN BASA JAWI KAPING 5, KAMIS 27 AGUSTUS 2020

 Sugeng siang para siswa kelas IX A -.H

    Dinten menika, para siswa kawiwitan materi enggal inggih menika Serat Wulangreh Pupuh Dhandhanggula. Materi ingkang sepindan njlentrehaken wos (isi) tembang Dhandhanggula.
    Naming saderenge, sumangga para siswa saged nyerat materi wonten ngandhap menika wonten ing buku catetan nggih!

SERAT WULANGEREH PUPUH DHANDHANGGULA

    Serat Wulangreh kaanggit dening Sri Susuhan Pakubuwana IV, serat wulangereh menika kadapuk saking kalih tembung, wulang tegese ajaran/piwulang, reh tegese kepemimpinan. Dados wos (isi) serat wulangreh inggih menika tembang-tembang kang nyariosaken bab ajaran/piwulang kang gegayutan kaliyan kepemimpinan.
    Serat Wulangreh menika wonten 13 temban, inggih menika Dhandhanggula (8 pada), Kinanthi (16 pada), Gambuh (17 pada), Pangkur (17 pada), Maskumambang (34 pada), Megatruh (17 pada), Durma (12 pada), Wirangrong (27 pada), Pocung (23 pada), Mijil (26 pada), Asmaradhana (28 pada), Sinom (33 pada), Girisa (25 pada).
       Watake tembang Dhandhanggula tembang Dhandhanggula nduweni watak luwes, manis. Mathuk kanggo bebuka/pambuka medharake piwulang. 
     Tembang Dhandhanggula nyariosake bab cara pados guru utawi wigatine wong nduweni ilmu pengetahuan.
     Pada ing tembang Dhandhanggula sing njlentrehake cara pados guru sing bener ana ing pada 4.
      Paugerane tembang
  • Guru lagu        : tibane swara saben sagatra
  • Guru wilangan : cacahe wanda (suku kata) saben sapada
  • Guru gatra       : cacahe larik/gatra (baris) saben sapada
Tembang Dhandhanggula pada 4

Lamun sira anggeguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing hukum,
kang ngibadah lan kang ngirangi,
sokor oleh wong tapa,
ingkang wus amungkul,
tan mikir pawewehing lyan,
iku pantes, sira guronana kaki,
sartane kawruhana.

 Sawise nyerat materi kasebut, sumangga para siswa saged ningali video ing ngandhap!



Sawise ningali video mau, aja lali tugase digarap!


Komentar

Postingan populer dari blog ini

TEMBANG SINOM

MATERI KELAS X TEMBANG SINOM Sumangga para siswa saged ningali materi piwucalan basa jawi tembang Sinom Materi Pengetahuan (Pepanggihan I) -Menganalisis Tembang Sinom- Materi Keterampilan (Pepanggihan II) -Membuat Tembang Sinom- Menawi sampun ningali video kasebut, saged paring komentar utawa menawi wonten sing nyuwun pirsa saged nulis ing KOLOM KOMENTAR kanthi nyebutake kelas, jeneng, lan nomer absene. Maturnuwun

MENELAAH ISI TEMBANG PANGKUR

Sugeng siang para siswa kelas 7 A - D Dina iki sinau bab wos (isi) tembang Pangkur. Tembang Pangkur duweni 16 pada (bait) lan 7 gatra (baris) Wis bisa ngitung guru lagu, wilangan, lan gatra ta? Para siswa saiki sinau bab wos (isi) tembang Pangkur pada 1 Coba gatekna tabel ing ngisor iki! GATRA (BARIS) CAKEPAN TEGESE TEMBUNG TERJEMAHAN BEBAS 1 Sekar pangkur kang winarna Sekar = tembang Pangkur = pangkur Winarna = nyeritakake Tembang pangkur sing nyeritakake 2 Lelabuhan kang kanggo wong aurip Lelabuhan = pangorbanan Aurip = urip Pangorbanane wong urip 3 Ala lan becik puniku Ala = elek Becik = apik Elek lan apik iku 4 Prayoga kawruhana Prayoga = luwih becik Kawruhana = dimangerteni Luwih becik dimangerteni 5 Adat waton puniku dipun kadulu Adat = ...

TEKS NARATIF, KAMIS 30 JULI 2020

ASSALAMUALAIKUM WR WB. SUGENG SIANG PARA SISWA KELAS VII A - D SMP N 25 SEMARANG, DINA IKI KAWIWITAN PIWULANGAN BASA JAWA  KANG MATERINE  "TEKS NARATIF BAB PRASTAWA/KEDADEYAN" MONGGO PARA SISWA BISA NINGALI VIDEO ING NGISOR IKI ! SAWISE NINGALI VIDEO, MONGGO PARA SISWA SAGED NGGARAP TUGAS WONTEN NGANDHAP MENIKA! Memuat…