Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari 2021

TEKS DESKRIPSI "MAKANAN TRADISIONAL JAWA"

TEKS DESKRIPSI "PANGANAN TRADISIONAL JAWA" PEPANGGIHAN 1 A. Pengertian Teks Deskripsi Teks deskripsi yakuwe sawijining teks utawa tulisan sing nggambaraken sawijining objek. Objek sing kemaksud bisa wujud benda, panggonan, makhluk hidup, lan liya-liyane. Neng teks kiye anggone nggambaraken objek sing kemaksud kanthi rinci supaya wong sing maca tulisan mau kaya-kaya ndeleng dhewek objek sing digambaraken senajan dheweke ora weruh secara langsung. B. Jenising Teks Deskripsi 1. Teks deskripsi barang utawa benda Teks deskripsi kiye nggambaraken sawijininng barang marang pembaca kanthi cetha lan rinci, supaya pembaca utawa pamireng saged weruh gambaran barang kasebat. Tuladha : "Mendoan kuwe panganan asli sekang Kabupaten Banyumas. Mendoan kuwe panganan sing bahan dasare sekang tempe lan digoreng setengah mateng. Umume mendoan digawe sekang tempe, tepung terigu, muncang, lan uyah, namung ing jaman saiki wis akeh variasi bahan kanggo mendoan kuwi, diantarane yakuwe lombok, kej

TEKS EKSPOSISI SENI PERTUNJUKAN JAWA

TEKS EKSPOSISI SENI PERTUNJUKAN JAWA      Teks eksposisi yaiku karangan/teks wedharan kang ditulis kanggo njembarake wawasan/kawruhe wong sing SSmaca. Karangan/teks eksposisi bisa digunakake kanggo mbuktekake katrangan sing diwedharake iku bener. tuladhane carane nggawe panganan, andharan materi ing pasinaon, lan sapanunggalane.  Titikane teks eksposisi Ngandharake pangerten  Biyasane mangsuli pitakon apa, sapa, kapan, nangdi, ngapa, kepriye  Asipat ngabari kasunyatan  Ringkes  Jinis teks eskposisi  Teks eksposisi ilustrasi yaiku teks eksposisi kang nggambarake samubarang kanthi cetha/apa anane.  Teks eksposisi pawarta/berita yaiku teks eksposisi sing menehi kabar saka kadadeyan, biyasane bisa ditemokake ing kalawarti.  Teks eksposisi perbandingan yaiku ngandharake gagasan ing ukara kanthi nandhingake.  Teks eksposisi proses yaiku teks eksposisi kang isine tata cara nggawe samubarang.  Teks eksposisi definisi yaiku teks eksposisi  kang isine ngengingi pangerten samubarang.  Teks ekspos

PARIWARA (IKLAN)

  PARIWARA ( IKLAN) 1.         Definisi Pariwara (Bahasa Jawa) Pangertosan Pariwara / Iklan yaiku wujud sesambungan kang nduweni maksud kanggo menehi greget tetuku, nawakake sawijining barang utawa tenaga, kanggo merbawani panemune wong akeh, narik payengkuyuning wong akeh amrih pikir lan tumindake laras karo kekarepe sing masang pariwara. Pariwara bisa kapacak ana kalawarti lan ariwarti, kagiyarake lumantar radhio, utawa katayangake ana TV. Pariwara kang kapacak ana kalawarti lan ariwarti, umume nggunakake design kang dumadi daka tetembungan lan gambar. Pariwara kang kagiyarake lumantar radhio biasane nggunakake master kang dumadi saka swara lagu Babagan kang perlu digatekake ana ing sajroning iklan ana 2, yaiku surasa lan basa kang kagunakake. Andharan saka kalorone bisa kasemak ana ing andharan ing ngisor iki: a.       Surasa/isi pariwara   Isining pariwara kudu ngandhut pirang-pirang syarat ana ing ngisor iki antarane, yaiku : -                Kudu objektif lan jujur

PRANATACARA

MATERI PRANATACARA KELAS X SEMESTER GENAP   Ing pasrawungan padinan akeh ditemoni adicara kang asipat resmi utawa formal. Adicara kasebut mbutuhake sawijining paraga kang ngaturake rantamaning adicara. Paraga kang ngaturake jejibahan utawa rantamaning acara iku uga sinebut pambiwara, pranatacara, panatacara, pranata adicara. Ing basa Indonesia biyasa sinebut MC utawa Master of Ceremony. Dadi panatacara iku ana kaidah – kaidahe. Kabeh mau gumantung karo jejibahan utawa adicara kang diayahi. Panatacara iku kudu nggatekake solah bawa lan micarane. Panatacara inggih punika paraga ingkang tinanggenah nata cara utawi acara, kang duw jejibahan nglantarakake titilaksana sawijining upacara pangantin, kesripahan, resmi/ formal/ pepanggihan, pajamuan, pangaosan, lsp. Menggah bakuning ayahipun inggih punika nglantarakaken lampah cak – cakaning acara utawi adicara wonten ing pepanggihan, pasamuwan, utawi upacara ingkang sampun rinantam. Dados, lugunipun inggih namung dhapur atur palapurna