Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Maret, 2021

PARIWARA (IKLAN)

  PARIWARA ( IKLAN) 1.         Definisi Pariwara (Bahasa Jawa) Pangertosan Pariwara / Iklan yaiku wujud sesambungan kang nduweni maksud kanggo menehi greget tetuku, nawakake sawijining barang utawa tenaga, kanggo merbawani panemune wong akeh, narik payengkuyuning wong akeh amrih pikir lan tumindake laras karo kekarepe sing masang pariwara. Pariwara bisa kapacak ana kalawarti lan ariwarti, kagiyarake lumantar radhio, utawa katayangake ana TV. Pariwara kang kapacak ana kalawarti lan ariwarti, umume nggunakake design kang dumadi daka tetembungan lan gambar. Pariwara kang kagiyarake lumantar radhio biasane nggunakake master kang dumadi saka swara lagu Babagan kang perlu digatekake ana ing sajroning iklan ana 2, yaiku surasa lan basa kang kagunakake. Andharan saka kalorone bisa kasemak ana ing andharan ing ngisor iki: a.       Surasa/isi pariwara   Isining pariwara kudu ngandhut pirang-pirang syarat ana ing ngisor iki antarane, yaiku : -                Kudu objektif lan jujur

PRANATACARA

MATERI PRANATACARA KELAS X SEMESTER GENAP   Ing pasrawungan padinan akeh ditemoni adicara kang asipat resmi utawa formal. Adicara kasebut mbutuhake sawijining paraga kang ngaturake rantamaning adicara. Paraga kang ngaturake jejibahan utawa rantamaning acara iku uga sinebut pambiwara, pranatacara, panatacara, pranata adicara. Ing basa Indonesia biyasa sinebut MC utawa Master of Ceremony. Dadi panatacara iku ana kaidah – kaidahe. Kabeh mau gumantung karo jejibahan utawa adicara kang diayahi. Panatacara iku kudu nggatekake solah bawa lan micarane. Panatacara inggih punika paraga ingkang tinanggenah nata cara utawi acara, kang duw jejibahan nglantarakake titilaksana sawijining upacara pangantin, kesripahan, resmi/ formal/ pepanggihan, pajamuan, pangaosan, lsp. Menggah bakuning ayahipun inggih punika nglantarakaken lampah cak – cakaning acara utawi adicara wonten ing pepanggihan, pasamuwan, utawi upacara ingkang sampun rinantam. Dados, lugunipun inggih namung dhapur atur palapurna