Langsung ke konten utama

TEMBANG DHANDHANGGULA

 TEMBANG DHANDHANGGULA

    Sugeng siang para siswa, dinten menika sinau bab "menelaah isi teks tembang Dhandhanggula", saderenge ningali video sumangga nyatet materi wonten buku catetan!

1.        Paugeran ( guru lagu, guru wilangan, guru gatra) Tembang Dhandhanggula

Guru Gatra : 10

Guru Lagu & Guru Wilangan : 10i, 10a, 8i, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a


2.        Teks tembang Dhandhanggula Pada 4

DHANDHANGGULA

(Pada 4)

 

Lamun sira anggeguru kaki,

Amiliha manungsa kang nyata,

Ingkang becik martabate,

Sarta kang wruh ing hukum,

Kang ngibadah lan kang wirangi,

Sukur oleh wong tapa,

Ingkang wus amungkur,

Tan mikir paweweh ing lyan,

Iku pantes sira guronana kaki,

Sartane kawruhan.

 

3.        Isine tembang Dhandhanggula Pada 4

Gatra

Ukara

1

Nalika kowe (milih) guru.

2

Milihen manungsa kang (bener)

3

Sing becik (luhur budine)

4

Lan mangerti bab (hukum)

5

Kang ngibadah lan (ngurangi)

6

Sokor bisa oleh wong (ngibadah)

7

Kang wis (tenanan)

8

Sing ora mikir (walesan) saka wong liya

9

Iku pantes kowe (didadekake guru)

10

Lan uga bisa (ditiru)

Pitutur luhur ing tembang Dhandhanggula pada 4 Yen awakmu arep merguru, pilihen guru sing bener, luhur budine, mangerti hukum, seneng ngibadah lan prihatin. Becike maneh oleh wong sing sregep manembah marang Gusti lan ora mikir piwales saka wong liya. Wong kaya mangkono iki pantes didadekake guru lan ditiru.

Sawise nyatet materi kasebut, sumangga saged ningali video pembahasan materi!

MATERI WOSE TEMBANG DHANDHANGGULA




Komentar

  1. Kulo syakha tirta dilaga kelas9D/28 kulo sampun maosi vidio seko bu martinda

    BalasHapus
  2. Kulo raditya sena dzulfiqar kelas 9 G / 22, kulo sampun mirsani vidio saking bu martinda

    BalasHapus
  3. Kulo ibnu diponegoro saking kelas 9c/12 sampon mirengake lan nonton vidione bu martinda bu niki kulo ngenggeh akune sena soale hpne kulo taseh rusak ngapuntene bu

    BalasHapus
  4. Kulo Rendra Malik Supraja,9D,22,sampon nonton lan mirengke vidione Bu Martina

    BalasHapus
  5. Kulo siti Arba Inati. m/9A/27 sampun nonton mirengake video ne saking Bu martinda

    BalasHapus
  6. Kulo ADE AURELLIA 9D/01, sampun maosi vidio seko Bu Martinda

    BalasHapus
  7. Kulo Sabrina Rose Angelia (9D/26)sampun nonton lan mirengake video saking Bu Martinda

    BalasHapus
  8. Kulo LEKA INDRIYANI 9D/15, sampun maosi vidio seko Bu Martinda

    BalasHapus
  9. Kulo ARIEL PRAMUDITYA SAPUTRA 9A/15, sampon maosi LAN mirengke Vidio saking Bu Martinda

    BalasHapus
  10. Kulo krisna arya mukti 9D/14. Sampun nonton video saking bu martinda

    BalasHapus
  11. Kulo Septeana Dyah Panji Pitaloka 9C/26, Sampun maosi lan mirengke vidio saking Bu Martinda

    BalasHapus
  12. Kula Bunga Dahnia 9A/14,sampun maosi kan mirengke video saking Bu martinda

    BalasHapus
  13. Kulo Riski dwi styawan 24/9d sampon nonton lan mirengke vidione Bu Martina

    BalasHapus
  14. kulo Ramadhuen maheswari b.p 9F/23,sampun maosi kan mirengke video saking Bu martinda

    BalasHapus
  15. Kulo Afan rekadenanta 02/9C sampon nonton lan mirengke video saking Bu Martinda

    BalasHapus
  16. Kulo Siti Arba Inati M/9B/27 Sampun Nonton Lan mirengke video saking Bu Martinda

    BalasHapus
  17. Kula Novellia Rafika Devi/9G/20 sampun maosi lan mirengke video saking bu martinda

    BalasHapus

  18. Kulo RIFKI RADITYA MAHENDRA 9G/23, sampon maosi LAN mirengke Vidio saking Bu Martinda

    BalasHapus
  19. Kulo Selvi Putri Felisa 9G/26,
    Sampon maosi LAN mirwngke Vidio sangking.Bu martinda

    BalasHapus
  20. Kulo Raditya Romadhon. Kelas (9C/20),sampon maosi LAN mirengake Vidio saking Bu Martinda

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

TEMBANG SINOM

MATERI KELAS X TEMBANG SINOM Sumangga para siswa saged ningali materi piwucalan basa jawi tembang Sinom Materi Pengetahuan (Pepanggihan I) -Menganalisis Tembang Sinom- Materi Keterampilan (Pepanggihan II) -Membuat Tembang Sinom- Menawi sampun ningali video kasebut, saged paring komentar utawa menawi wonten sing nyuwun pirsa saged nulis ing KOLOM KOMENTAR kanthi nyebutake kelas, jeneng, lan nomer absene. Maturnuwun

MENELAAH ISI TEMBANG PANGKUR

Sugeng siang para siswa kelas 7 A - D Dina iki sinau bab wos (isi) tembang Pangkur. Tembang Pangkur duweni 16 pada (bait) lan 7 gatra (baris) Wis bisa ngitung guru lagu, wilangan, lan gatra ta? Para siswa saiki sinau bab wos (isi) tembang Pangkur pada 1 Coba gatekna tabel ing ngisor iki! GATRA (BARIS) CAKEPAN TEGESE TEMBUNG TERJEMAHAN BEBAS 1 Sekar pangkur kang winarna Sekar = tembang Pangkur = pangkur Winarna = nyeritakake Tembang pangkur sing nyeritakake 2 Lelabuhan kang kanggo wong aurip Lelabuhan = pangorbanan Aurip = urip Pangorbanane wong urip 3 Ala lan becik puniku Ala = elek Becik = apik Elek lan apik iku 4 Prayoga kawruhana Prayoga = luwih becik Kawruhana = dimangerteni Luwih becik dimangerteni 5 Adat waton puniku dipun kadulu Adat = ...

TEKS NARATIF, KAMIS 30 JULI 2020

ASSALAMUALAIKUM WR WB. SUGENG SIANG PARA SISWA KELAS VII A - D SMP N 25 SEMARANG, DINA IKI KAWIWITAN PIWULANGAN BASA JAWA  KANG MATERINE  "TEKS NARATIF BAB PRASTAWA/KEDADEYAN" MONGGO PARA SISWA BISA NINGALI VIDEO ING NGISOR IKI ! SAWISE NINGALI VIDEO, MONGGO PARA SISWA SAGED NGGARAP TUGAS WONTEN NGANDHAP MENIKA! Memuat…