Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari 2020

SANDIWARA

Sugeng siang para siswa,kelas IX A-H Monggo saged nyemak piwucalan basa Jawi materinipun “SANDIWARA” yen perlu monggo bisa ditulis materinipun! Sawise nggatekake materine, monggo bisa mirsani SANDIWARA TV ing ngisor iki film saka Ravacana Films kang irah-irahane "NILEP" (2015) alamat youtube   FILM "NILEP"

NULIS TEKS DESKRIPTIF UPACARA ADAT

  AYO PARA SISWA KELAS 9, PADHA SINAU NULIS TEKS DESKRIPTIF UPACARA ADAT!

TEKS DESKRIPTIF "UPACARA ADAT JAWA

 UPACARA ADAT JAWA   Jenise Upacara Adat Saben tlatah utawa wewengkon nduweni tata cara adat dhewe-dhewe. Tlatah siji lan sijine adat tata carane ora padha nanging duweni maksud kang padha. Tuladhane adat tradhisi sing isih dipepetri lan tetep lestari ing sajroning masyarakat : Mitoni, Tedhak Siten, Sunatan, Mantu, Lelayu   Teks Deskriptif ·       Tulisan kang duwe ancas ngenalake pawongan, panggonan, utawa barang kanggo piyayi kang maos saengga piyayi kang maos bisa mangerti kepiye pawongan, panggonan, barang kang ditulis kanthi detail kaya dene nonton gambar atau potret. ·       Titikane Teks Deskriptif 1)    nggambarkan objek tertentu 2)      objek kang digambarke ana ing teks deskripsi asipat khusus. 3)    nggambarake objek kanthi rinci 4)    objek dipaparke kanthi rinci yaiku andhedhasar fisik, sifat utawa pandangan penulis. 5)    nglibatake panca indera 6)    objek digambarke kanthi nglibatake pancaindera. Piyayi kang maos kaya-kaya bisa nonton, rungokake, ngras

NULIS LAN MACA AKSARA JAWA

  AKSARA JAWA TEMBANG DHANDHANGGULA Sugeng siang para siswa kelas IX A - H, dina iki ayo padha sinau aksara Jawa. Sinau nulis lan maca aksara Jawa tembang Dhandhanggula. Aksara Jawa TULADHA  NULIS TEMBUNG NGANGGO AKSARA JAWA NULIS UKARA NGANGGO AKSARA JAWA VIDEO PEMBELAJARAN

Pitutur luhur Tembang Pangkur

TEMBANG PANGKUR PADA 9 - 16 Sugeng siang para siswa kelas 7 A - D, dina iki isih ngrembug bab pitutur luhur tembang Pangkur pada 9 - 16. Sumangga para siswa saged ningali video ing ngisor iki, kanggo miwiti pasinaonan online basa jawi.

PIWULANG TEMBANG PANGKUR

SUGENG ENJANG PARA SISWA KELAS 7 A - D      Dina iki para siswa sinau piwulang sing ana ing tembang Pangkur ing pada kaping 1 nganthi 8.     Piwulang tegese nasehat. Ing jero tembang Pangkur ana nasihat-nasihat sing kamot, salah sijine ngajarake manungsa supaya tumindak kang becik, seneng ngibadah, pasrah marang Gusti, lan ora lali tata krama sing utama.        Monggo, para siswa bisa ningali video ing ngisor iki supaya mangerteni apa wae pitutur luhur sing kamot ing tembang Pangkur pada 1 - 7.

GAWE TEMBANG DHANDHANGGULA

  Sugeng siang para siswa kelas 9 A - H     Dina iki, kamis 08 Oktober 2020 para siswa isih sinau bab tembang Dhandhanggula. Bab sing disinauini yaiku GAWE TEMBANG DHANDHANGGULA. Gawe utawa ngripta (basa krama) tembang Dhandhanggula bisa kok sinauni kanthi materi ing ngisor iki: TATA CARANE GAWE TEMBANG MACAPAT Urut-urutane gawe tembang macapat : Temtukake tema kanggo nulis tembang Temtukake tembang macapat apa sing arep kok tulis (mijil, sinom, asamaradana, kinanthi, pangkur, pocung, gambuh, dhandhanggula, durma, maskumambang, megatruh). Tulis guru gatra, wilangan, lan guru lagune. Gaweya ukara (kalimat) kang selaras karo paugerane tembang macapat. Itungen maneh tembung-tembunge lan ukara sing kok gawe mau, kudu jumbuh karo paugerane (guru lagu, wilangan, gatra) tembang sing kokgawe.

MENELAAH ISI TEMBANG PANGKUR

Sugeng siang para siswa kelas 7 A - D Dina iki sinau bab wos (isi) tembang Pangkur. Tembang Pangkur duweni 16 pada (bait) lan 7 gatra (baris) Wis bisa ngitung guru lagu, wilangan, lan gatra ta? Para siswa saiki sinau bab wos (isi) tembang Pangkur pada 1 Coba gatekna tabel ing ngisor iki! GATRA (BARIS) CAKEPAN TEGESE TEMBUNG TERJEMAHAN BEBAS 1 Sekar pangkur kang winarna Sekar = tembang Pangkur = pangkur Winarna = nyeritakake Tembang pangkur sing nyeritakake 2 Lelabuhan kang kanggo wong aurip Lelabuhan = pangorbanan Aurip = urip Pangorbanane wong urip 3 Ala lan becik puniku Ala = elek Becik = apik Elek lan apik iku 4 Prayoga kawruhana Prayoga = luwih becik Kawruhana = dimangerteni Luwih becik dimangerteni 5 Adat waton puniku dipun kadulu Adat =

MENEMUKAN PITUTUR LUHUR TEMBANG DHANDHANGGULA

Sugeng siang para siswa kelas 9 A - H Dina iki sinau bab pitutur luhur tembang Dhandhanggula Pitutur luhur iku tegese amanan/nasihat/ajaran sing diajarake ing tembang Dhandhanggula, Tembang Dhandhanggula duweni 8 pada ing serat wulangreh. Isih kelingan pada iku apa? pada iku bait utawa paragraf. Saben pada ing tembang Dhandhangula duweni pitutur luhur dhewe-dhewe. Sumangga para siswa bisa ningali video "PITUTUR LUHUR TEMBANG DHANDHANGGULA" Banjur ing video iku ana pitakonan sing kudu mbok wangsuli lumantar rekaman suara ing grup telegram, Sawise pembelajaran rampung, ayo padha garap tugas sing diparingi bu Martinda!  VIDEO PEMBELAJARAN TUGAS BASA JAWA http://bit.ly/DHANDHANGGULA3

REMIDI PTS KELAS 9 A - H

SUGENG SIANG PARA SISWA KELAS 9 A - H SAMPUN SUMADYA KANGGE TUMUT REMIDIAL? SUMONGGO SAMI SAGED MILIH REMIDI PTS MITURUT KELASE DHEWE-DHEWE AJA LALI REMIDI DIGARAP SAKA JAM 11.10 - 12.00 WIB LINK REMIDI KELAS 9A http://bit.ly/RPTSJAWA9A LINK REMIDI KELAS 9B http://bit.ly/RPTSJAWA9B LINK REMIDI KELAS 9C http://bit.ly/RPTSJAWA9C LINK REMIDI KELAS 9D http://bit.ly/RPTSJAWA9D LINK REMIDI KELAS 9E http://bit.ly/RPTSJAWA9E LINK REMIDI KELAS 9F http://bit.ly/RPTSJAWA9F LINK REMIDI KELAS 9G http://bit.ly/RPTSJAWA9G LINK REMIDI KELAS 9H http://bit.ly/RPTSJAWA9H KANGGO SING ORA MELU REMIDIAL BISA GAWE SOAL PENGAYAAN ING LINK NGISOR IKI! http://bit.ly/PENGAYAANPTS9   SUGENG MAKARYA..!

REMIDI PTS BASA JAWA KELAS 7 A - D

SUGENG SIANG PARA SISWA KELAS 7 A - H SAMPUN SUMADYA GARAP REMIDI PTS NGGIH, SUMANGGA SAGED MILIH PIYAMBAH REMIDIAL PTS-E MITURUT KELASE DHEWE-DHEWE! AJA LALI WEKTUNE NAMUNG SAKA JAM 10.20 - 11.00 WIB MATURNUWUN. LINK REMIDIAL KANGGO KELAS 7A http://bit.ly/RPTSJAWA7A LINK REMIDIAL KANGGO KELAS 7B http://bit.ly/RPTSJAWA7B LINK REMIDIAL KANGGO KELAS 7C http://bit.ly/RPTSJAWA7C LINK REMIDIAL KANGGO KELAS 7D http://bit.ly/RPTSJAWA7D SING ORA MELU REMIDIAL, BISA GARAP SOAL PENGAYAAN ING NGISOR IKI! http://bit.ly/PENGAYAANPTS7 SUGENG MAKARYA........!

TEMBANG PANGKUR

                                 Sugeng siang para siswa kelas VII A - D      Dinten menika, para siswa kawiwitan materi enggal inggih menika Serat Wulangreh Pupuh Dhandhanggula. Materi ingkang sepindan njlentrehaken wos (isi) tembang Pangkur.     Naming saderenge, sumangga para siswa saged  nyerat materi wonten ngandhap menika wonten ing buku catetan nggih! SERAT WULANGEREH PUPUH PANGKUR      Serat Wulangreh kaanggit dening Sri Susuhan Pakubuwana IV, serat wulangereh menika kadapuk saking kalih tembung, wulang tegese ajaran/piwulang, reh tegese kepemimpinan. Dados wos (isi) serat wulangreh inggih menika tembang-tembang kang nyariosaken bab ajaran/piwulang kang gegayutan kaliyan kepemimpinan.     Serat Wulangreh menika wonten 13 temban, inggih menika Dhandhanggula (8 pada), Kinanthi (16 pada), Gambuh (17 pada), Pangkur (17 pada), Maskumambang (34 pada), Megatruh (17 pada), Durma (12 pada), Wirangrong (27 pada), Pocung (23 pada), Mijil (26 pada), Asmaradhana (28 pada), Sinom (33 pada),

TEMBANG DHANDHANGGULA

 TEMBANG DHANDHANGGULA     Sugeng siang para siswa, dinten menika sinau bab "menelaah isi teks tembang Dhandhanggula", saderenge ningali video sumangga nyatet materi wonten buku catetan! 1.         Paugeran ( guru lagu, guru wilangan, guru gatra) Tembang Dhandhanggula Guru Gatra : 10 Guru Lagu & Guru Wilangan : 10i, 10a, 8i, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a 2.         Teks tembang Dhandhanggula Pada 4 DHANDHANGGULA (Pada 4)   Lamun sira anggeguru kaki, Amiliha manungsa kang nyata, Ingkang becik martabate, Sarta kang wruh ing hukum, Kang ngibadah lan kang wirangi, Sukur oleh wong tapa, Ingkang wus amungkur, Tan mikir paweweh ing lyan, Iku pantes sira guronana kaki, Sartane kawruhan.   3.         Isine tembang Dhandhanggula Pada 4 Gatra Ukara 1 Nalika kowe (milih) guru. 2 Milihen manungsa kang (bener) 3 Sing becik (luhur budine) 4 Lan m

PIWUCALAN BASA JAWI KAPING 5, KAMIS 27 AGUSTUS 2020

 Sugeng siang para siswa kelas IX A -.H      Dinten menika, para siswa kawiwitan materi enggal inggih menika Serat Wulangreh Pupuh Dhandhanggula. Materi ingkang sepindan njlentrehaken wos (isi) tembang Dhandhanggula.     Naming saderenge, sumangga para siswa saged nyerat materi wonten ngandhap menika wonten ing buku catetan nggih! SERAT WULANGEREH PUPUH DHANDHANGGULA      Serat Wulangreh kaanggit dening Sri Susuhan Pakubuwana IV, serat wulangereh menika kadapuk saking kalih tembung, wulang tegese ajaran/piwulang, reh tegese kepemimpinan. Dados wos (isi) serat wulangreh inggih menika tembang-tembang kang nyariosaken bab ajaran/piwulang kang gegayutan kaliyan kepemimpinan.     Serat Wulangreh menika wonten 13 temban, inggih menika Dhandhanggula (8 pada), Kinanthi (16 pada), Gambuh (17 pada), Pangkur (17 pada), Maskumambang (34 pada), Megatruh (17 pada), Durma (12 pada), Wirangrong (27 pada), Pocung (23 pada), Mijil (26 pada), Asmaradhana (28 pada), Sinom (33 pada), Girisa (25 pada).     

PIWUCALAN BASA JAWI KELAS VII KAPING 4 DINA KAMIS, 13 AGUSTUS 2020

  SUGENG SIANG PARA SISWA KELAS VII A - D Dina iki, para siswa sinau teks narasi irah-irahane "Sadurunge Mangkat Sekolah". Ayo bareng-bareng maca crita kasebut kanthi permati lan setiti. Mengko yen ana tembung sing durung kokreteni bisa nyuwun pirsa dhateng Bu Martinda lumantar voice note. Yen wis maca teks narasi kasebut, sumangga para siswa bisa garap tugas basa jawa ing ngisor iki! Memuat… TUGAS TEKS NARATIF 3

PIWUCALAN BASA JAWI KAPING 4 KELAS IX, KAMIS 6 AGUSTUS 2020

ASSALAMUALAIKUM WR WB SUGENG SIANG PARA SISWA KELAS IX A - H DINTEN MENIKA PIWUCALAN BASA JAWI NGREMBAG BABAGAN NYARIOSAKEN MALIH CARIOS ANOMAN DHUTA NGANGGE BASA KRAMA SUMANGGA PARA SISWA SAGED NINGALI VIDEO WONTEN ING NGANDHAP! SAWISE NINGALI VIDEO SUMANGGA PARA SISWA BISA NGGARAP TUGAS WONTEN ING NGANDHAP MENIKA! KLIK "TUGASANOMANDHUTA3"

GUNUNG KELUD NJEBLUG MANEH, KAMIS 6 AGUSTUS 2020

ASSALAMUALAIKUM WR WB PARA SISWA KELAS VII A - D, DINA KAMIS, 6 AGUSTUS 2020 PIWUCALAN BASA JAWI KAPING 3. MONGGO BISA NINGALI VIDEO KASEBUT, SAWISE NINGALI VIDEO, PARA SISWA BISA GARAP TUGAS ING SANGISORE VIDEO KASEBUT. https://youtu.be/pinEql4nS7M GARAPEN TUGAS ING NGISOR IKI! Memuat…

TEKS NARATIF, KAMIS 30 JULI 2020

ASSALAMUALAIKUM WR WB. SUGENG SIANG PARA SISWA KELAS VII A - D SMP N 25 SEMARANG, DINA IKI KAWIWITAN PIWULANGAN BASA JAWA  KANG MATERINE  "TEKS NARATIF BAB PRASTAWA/KEDADEYAN" MONGGO PARA SISWA BISA NINGALI VIDEO ING NGISOR IKI ! SAWISE NINGALI VIDEO, MONGGO PARA SISWA SAGED NGGARAP TUGAS WONTEN NGANDHAP MENIKA! Memuat…

TEKS ANOMAN DHUTA KAMIS, 30 JULI 2020

ASSALAMUAIKUM WR. WB PARA SISWA KELAS IX A - H, DINTEN MENIKA PIWUCALAN BASA JAWA KAPING 3 DINTEN KAMIS, 30 JULI 2020  SAGED DITINGALI WONTEN VIDEO ING NGANDHAP. SAWISE PADHA NINGALI VIDEO KASEBAT MANGGA SAMI NGAYAHI TUGAS INGKANG BU MARTINDA PARINGI WONTEN ING NGANDHAP. Memuat…

PIWUCALAN KAPING I KELAS VII KAMIS, 23 JULI 2020

PARA SISWA KELAS VII A - D SUMANGGA BISA NINGALI VIDEO KONTRAK PEMBELAJARAN PIWUCALAN  BASA JAWI ING NGISOR IKI! SABANJURE PARA SISWA BISA MENEHI PANYARUWE (KOMENTAR)  ING SAKNGISORE VIDEO, AJA LALI VIDEONE DILIKE LAN DI SUBSCRIBE! MONGGO KLIK VIDEO ING NGISOR IKI!

PIWUCALAN BASA JAWI KAPING 1 KELAS IX TEKS RAMAYANA (ANOMAN DHUTA)

              PARA SISWA KELAS IX, DINTEN KEMIS 23 JULI 2020 MENIKA DIWIWITI PIWUCALAN BASA JAWI KANG NGGULA WENTAH BAB TEKS RAMAYANA CRITA ANOMAN DHUTA.                  PARA SISWA BISA NINGALI VIDEO ING NGISOR IKI, AJA LALI TEMBUNG- TEMBUNG SING ORA MUDHENG ING CRITA ANOMAN DHUTA BISA KOK SUWUNKE PIRSA LUMANTAR WA GRUP UTAWA TELEGRAM . PARA SISWA BISA NGIRIM REKAMAN SUARA ING WA GRUP UTAWA TELEGRAM MENAWA ANA PITAKONAN GEGAYUTAN MATERI ANOMAN DHUTA KASEBUT. SUMANGGA, BISA NINGALI VIDEO ING NGISOR IKI!                SAWISE PARA SISWA NINGALI VIDEO KASEBUT. PARA SISWA BISA GARAP TUGAS ING LINK NGISOR IKI! BU MARTINDA PARINGI WEKTU SAKA DINA KAMIS, 23 JULI 2020 JAM 11.30 WIB NGANTHI MINGGU, 26 JULI 2020 JAM 18.00 WIB MONGGO BISA DIKLIK LINK TUGAS IKI ! https://bit.ly/TUGASANOMANDHUTA1 Memuat…