Langsung ke konten utama

Postingan

SANDIWARA

Sugeng siang para siswa,kelas IX A-H Monggo saged nyemak piwucalan basa Jawi materinipun “SANDIWARA” yen perlu monggo bisa ditulis materinipun! Sawise nggatekake materine, monggo bisa mirsani SANDIWARA TV ing ngisor iki film saka Ravacana Films kang irah-irahane "NILEP" (2015) alamat youtube   FILM "NILEP"

NULIS TEKS DESKRIPTIF UPACARA ADAT

  AYO PARA SISWA KELAS 9, PADHA SINAU NULIS TEKS DESKRIPTIF UPACARA ADAT!

TEKS DESKRIPTIF "UPACARA ADAT JAWA

 UPACARA ADAT JAWA   Jenise Upacara Adat Saben tlatah utawa wewengkon nduweni tata cara adat dhewe-dhewe. Tlatah siji lan sijine adat tata carane ora padha nanging duweni maksud kang padha. Tuladhane adat tradhisi sing isih dipepetri lan tetep lestari ing sajroning masyarakat : Mitoni, Tedhak Siten, Sunatan, Mantu, Lelayu   Teks Deskriptif ·       Tulisan kang duwe ancas ngenalake pawongan, panggonan, utawa barang kanggo piyayi kang maos saengga piyayi kang maos bisa mangerti kepiye pawongan, panggonan, barang kang ditulis kanthi detail kaya dene nonton gambar atau potret. ·       Titikane Teks Deskriptif 1)    nggambarkan objek tertentu 2)      objek kang digambarke ana ing teks deskripsi asipat khusus. 3)    nggambarake objek kanthi rinci 4)    objek dipaparke kanthi rinci yaiku andhedhasar fisik, sifat utawa pandangan penulis. 5)    nglibatake panca ...

NULIS LAN MACA AKSARA JAWA

  AKSARA JAWA TEMBANG DHANDHANGGULA Sugeng siang para siswa kelas IX A - H, dina iki ayo padha sinau aksara Jawa. Sinau nulis lan maca aksara Jawa tembang Dhandhanggula. Aksara Jawa TULADHA  NULIS TEMBUNG NGANGGO AKSARA JAWA NULIS UKARA NGANGGO AKSARA JAWA VIDEO PEMBELAJARAN

Pitutur luhur Tembang Pangkur

TEMBANG PANGKUR PADA 9 - 16 Sugeng siang para siswa kelas 7 A - D, dina iki isih ngrembug bab pitutur luhur tembang Pangkur pada 9 - 16. Sumangga para siswa saged ningali video ing ngisor iki, kanggo miwiti pasinaonan online basa jawi.

PIWULANG TEMBANG PANGKUR

SUGENG ENJANG PARA SISWA KELAS 7 A - D      Dina iki para siswa sinau piwulang sing ana ing tembang Pangkur ing pada kaping 1 nganthi 8.     Piwulang tegese nasehat. Ing jero tembang Pangkur ana nasihat-nasihat sing kamot, salah sijine ngajarake manungsa supaya tumindak kang becik, seneng ngibadah, pasrah marang Gusti, lan ora lali tata krama sing utama.        Monggo, para siswa bisa ningali video ing ngisor iki supaya mangerteni apa wae pitutur luhur sing kamot ing tembang Pangkur pada 1 - 7.

GAWE TEMBANG DHANDHANGGULA

  Sugeng siang para siswa kelas 9 A - H     Dina iki, kamis 08 Oktober 2020 para siswa isih sinau bab tembang Dhandhanggula. Bab sing disinauini yaiku GAWE TEMBANG DHANDHANGGULA. Gawe utawa ngripta (basa krama) tembang Dhandhanggula bisa kok sinauni kanthi materi ing ngisor iki: TATA CARANE GAWE TEMBANG MACAPAT Urut-urutane gawe tembang macapat : Temtukake tema kanggo nulis tembang Temtukake tembang macapat apa sing arep kok tulis (mijil, sinom, asamaradana, kinanthi, pangkur, pocung, gambuh, dhandhanggula, durma, maskumambang, megatruh). Tulis guru gatra, wilangan, lan guru lagune. Gaweya ukara (kalimat) kang selaras karo paugerane tembang macapat. Itungen maneh tembung-tembunge lan ukara sing kok gawe mau, kudu jumbuh karo paugerane (guru lagu, wilangan, gatra) tembang sing kokgawe.