Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Oktober, 2020

NULIS LAN MACA AKSARA JAWA

  AKSARA JAWA TEMBANG DHANDHANGGULA Sugeng siang para siswa kelas IX A - H, dina iki ayo padha sinau aksara Jawa. Sinau nulis lan maca aksara Jawa tembang Dhandhanggula. Aksara Jawa TULADHA  NULIS TEMBUNG NGANGGO AKSARA JAWA NULIS UKARA NGANGGO AKSARA JAWA VIDEO PEMBELAJARAN

Pitutur luhur Tembang Pangkur

TEMBANG PANGKUR PADA 9 - 16 Sugeng siang para siswa kelas 7 A - D, dina iki isih ngrembug bab pitutur luhur tembang Pangkur pada 9 - 16. Sumangga para siswa saged ningali video ing ngisor iki, kanggo miwiti pasinaonan online basa jawi.

PIWULANG TEMBANG PANGKUR

SUGENG ENJANG PARA SISWA KELAS 7 A - D      Dina iki para siswa sinau piwulang sing ana ing tembang Pangkur ing pada kaping 1 nganthi 8.     Piwulang tegese nasehat. Ing jero tembang Pangkur ana nasihat-nasihat sing kamot, salah sijine ngajarake manungsa supaya tumindak kang becik, seneng ngibadah, pasrah marang Gusti, lan ora lali tata krama sing utama.        Monggo, para siswa bisa ningali video ing ngisor iki supaya mangerteni apa wae pitutur luhur sing kamot ing tembang Pangkur pada 1 - 7.

GAWE TEMBANG DHANDHANGGULA

  Sugeng siang para siswa kelas 9 A - H     Dina iki, kamis 08 Oktober 2020 para siswa isih sinau bab tembang Dhandhanggula. Bab sing disinauini yaiku GAWE TEMBANG DHANDHANGGULA. Gawe utawa ngripta (basa krama) tembang Dhandhanggula bisa kok sinauni kanthi materi ing ngisor iki: TATA CARANE GAWE TEMBANG MACAPAT Urut-urutane gawe tembang macapat : Temtukake tema kanggo nulis tembang Temtukake tembang macapat apa sing arep kok tulis (mijil, sinom, asamaradana, kinanthi, pangkur, pocung, gambuh, dhandhanggula, durma, maskumambang, megatruh). Tulis guru gatra, wilangan, lan guru lagune. Gaweya ukara (kalimat) kang selaras karo paugerane tembang macapat. Itungen maneh tembung-tembunge lan ukara sing kok gawe mau, kudu jumbuh karo paugerane (guru lagu, wilangan, gatra) tembang sing kokgawe.